Kamis, 25 Februari 2016

INGON-INGON PERKUTUT NGEDOHI SETAN

Manawa kasawang saka ilmu jiwa ingon-ingon manuk perkutut iku ora baen-baen, sebab kajaba kalebu golongane “Seni Swara”, ugoa mukarabi marang panggulawentah, sarta bisa mahanani katentreman.
Priyayi kang seneng kekututan daleme mesti tata-tertip, patrap-patrap kang biyayakan, rembug-rembug kang sora lan kasar,mesti ora ana, sakawit ya mung sabab pangeman marang sang kutut, nanging ora njarak jebul ndayani marang tata tertib.
Sapa kang ingon-ingon perkutut, mesti tangi esuk, sakawit ya mung tumuju marang sang perkutut, bisa nggantang ing sadurunge srengenge mletek, nanging lawase lawas
dadi pakulinan … tangi esuk.
Dina minggu, liburan,ora kluyuran mrana-mrene, ora dolan-dolan kang tanpa gawe, sakawit ya mung arep ngematake anggunge sang perkutut, nanging lawase lawas, dadi pakulinan … jenak ana ndalem.
Pikolehe kang ceta, ingon-ingon perkutut nyiyutake pandulu, ngedohi setan kang tansah nggegalak racak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar